Minggu, 01 Maret 2015

drama bahasa jawa

NASKAH UJIAN PRAKTEK BAHASA JAWA

        
          Paraga
          Kelompok Emergency               kelas ix - c
1.  Slamet  Susanto                                    : Besut             ( 24 )
2.  Dwi   Anggeaningsih                             : Rusmini          ( 7 )
3.  Afif   Muhammad   Bintoro                  : Sumo Gambar ( 1 )
4.  Esti   Puji   Rahayu                               : Ning ji            ( 9 )
5.  Granada    Putri                                    : Ning ro           ( 11 )
6.  Niamatul   Ika   Mastuti                       : Emak              ( 19 )
7.  Rizqi   Hokky   Mardhani                     : Pak RW          ( 22 )
8.  Heru   Wahyu   Prasetyo                      : Bos                 ( 28 )

SMP NEGERI 1 GUDO
2014 / 2015
Dwija Basa Jawa
Ni Ketut Murniati, S.Th.
PURWAKA

Syukur alhamdulillah kawula aturaken dhumateng ing ngarsanipun ALLAH SWT,  awit saking kamirahanipun kulo sakanca saget hangrampung-ake Drama Basa Jawa Besutan punika kanthi rahayu wilujeng, kali sing nir rubeda.
          Naskah Drama Tradisional Besutan punika kasusun kanggge nyekapi kebetahan yaiku, kangge ujian praktek, kangge pados biji, kangge mepeki praktek basa jawa, nglancaraken basa jawa, lan uga sing mboten kalah penting kangge  ngelestariaken drama tradisional punika.
          Naskah drama tradisioanl punika dumadi saking gagasane kanca-kanca Afif, Esti, Granada, Ika, Dwi, Hokky, Slamet,lan Heru. Saben gagasan dumadi saking unsur – unsur drama tradisional ingkang sampun kasalarasaken, ananging mbok bilih wonten kanca – kanca ingkang kepingin wonten ewah – ewahe tema kasummanggakaken.  Wedharanipun tema wonten ing wewacan drama tradisional besutan boten meksa, saged kasalarasaken kaliyan unsur – unsur drama tradisional basa jawa. Mila leladosing pasinaon naskah drama basa jawa besutan punika mawi     “ Drama Tradisional Basa Jawa”. 
          Dene naskah drama basa jawa besutan kaaturaken kangge nambah ketrampilan supados siswa saget mragaaken lelakon ing drama tradisional besutan. Inggih awit naskah drama tradisional basa jawa kangge panjuring pasinaon.
          Pangrakit sadar bilih naskah drama basa jawa besutan punika tebih sangking sampurna. Pamila kritik lan saran  saget kaantu – antu murih saenipun naskah punika ing tembenipun
Tim pangrakit,
1

KECIKE MANILA

                  

Purwaka......................................................1
      Kecike manila...............................................2
      Cekake carita................................................3
      Dialog .........................................................4
      Pamungkasing carita...................................9









2
CERITA CEKAK
 KEBO DIARANI WEDHUS
Nalika dino rebo wes awan Besut ora tangi-tangi.  emak’e mureng-mureng nang besut,tapi Besut pancet ora tangi-tangi,  mak’e mangkel lan nyiram Besut karo banyu sak timbo. Besut langsung tangi karo ekspresi kaget,dheweke glagepan di kiro yen kamar e bocor padalan dheweke bari di guyang banyu sak timbo.
Neng panggon liyo nok omahe Pak RW. Pak RW duwe bojo jenenge Rusmini uga ya duwe anak loro wadon jenenge Ningji lan Ningro, anak-anake pak RW pamitan budal sekolah  marang bapakne lan ibune . nalika Pak RW omong-omongan karo Rusmini bojone nok teras. Anak – anak e banjur pamitan budal sekolah lan nyuwun sangu marang wong tuane uga sing ora oleh dilakeno yaiku salam.
            Nalika ning omahe Besut. Emake besut arep tuku beras amerga entek nanging pas mbukak dompet e duwite ora cukup kanggo tuku beras. Emake bingung piye caran e entok duwik kanggo tuku beras. Sak klebetan emake besut iling yen besut duwe kebo, emake besut langsung ngongkon Besut dodol kebone nang pasar, nanging besut ora gelem ngedol kebone sing dheweke jenengno bos. Amarga besut mek duwe kanco kebo iku mau tok. Besut ora duwe kanca saliyane kebone.nanging besut mikir yen dheweke ora gelem nged ol kebone dheweke ora iso mangan karo emake.
 Banjur besut budal nang pasar arep ngedol kebone sing dadi koncone siji- siji karo nelongso. tapi nalika  tekok tengah daln ing pinggir sawah  Besut pegel terus leren nang ndisore wet rengen sadiluk karo ngrasakno waktue sing terakhir karo kebone. Ora suwi  Sumo Gambar sing bari kok sawah lewat lan  marani Besut, sumo gambar takon opo wedhuse besut arep di dol, besut ora ngerti maksude sumo gambar, dheweke ngomong yen dheweke iku arep ngedol kebone ora ngedol wedhus. Tapi sumo gambar ngenyel yen sing digowo besut iku wedhus duduk kebo. suwe-suwe Sumo Gambar lan Besut engkel-engkelan.
            Pas Besut lan Sumo Gambar engkel-engkelan pas anak-anake Pak RW muleh sekolah,trus arek loro iku mau eroh trus kondo nang bapake,trus Pak RW langsung marani Besut lan Sumo Gambar.Akhire Besut ninggalno Sumo Gambar seng ngeyel nek kebo iku wedhos trus Besut budal nang pasar ngedol kebone.
3


KEBO DIARANI WEDHUS

Pas dino rebo jam 6 isuk Besut ora tangi- tangi, langsung emak e mureng – mureng lan nyiram Besut nggawe banyu sak timbo
Emak: “sut..sut...tangiwes awan !”
Besut          : ( pancet turu karo mulet )
Emak: ( emake nginceng nang kamare, ngeru i yen besut isih turu, terus emak e nggremeng )
          “ masya Allah, bocah iki wes bedug gak tangi – tangi ( langung njupuk banyu sing ana nang gelas lan disiramno nang Besut ).
Besut          : “ Bocor....bocor...”
Emak         : “ tenang le... ada no drop”
Besut          : “ lapo se mak ...? isuk – isuk kok wes ngejak geger.”
Emak         : “ ngejak geger, ngejar geger ancine awkmu bocah keplek, ora ero penggawean.”

Ing panggon liyane, ning omahe Pak RW anake pak RW pamitan arep budal sekolah uga karo nyuwun sangu.
Ningji : “ningro ayo wes awan, engkok selak keri.’
Ningro: “iyo Ningji, sek aku jek kudungan”
4
Gang diluk engkas Ningro metu kok kamar, terus arek loro iku mau pamitan marang ibu lan bapak e ( Pak RW )
Ningji : “pak, buk kulo budal sekolah riyen” ( Ningji karo Ningro terus salim marang wongtuane )
Ningro: “ assalamualaikum.”
Ningji : “assalamualaikum.”
Rusmini : “ waalaikumsallam,sing ati – ati ndok...”
Ningji : “ngeh buk, oh ngih pundi sangune buk...?”
Ningro: “ inggih pundi sangu buk..?”
Rusmini : “ njaluk o bapakmu kono.”
Ningro : “pak...pak pundi sangune.”
Pak RW : “ Iki loh ndok, kanggo wong loro yo” ( karo ngekek i Ningji karo Ningro duwek Rp 20.000,00 )
Ningji : “ matur suwun pak kito budal rumiyen “
Pak RW :” yo ati – ati “
Ningro : “ inggih.”
Ning omahe Besut, emake Besut ate tuku beras terus mbukak dompet, naging dompet e ora enek isine.emak e terus ngongkon besut ngedol kebo nang pasar.
Emak : “sut..sut, emake ora duwe duwek kanggo tuku beras, palangan Bosmu ( kebo ) iku dol en ae nang pasar.”
Besut: “ loh lakok bos ku, iku koncoku siji – sijine.”
Kebo : “ leh lakok aku sing di dol, mbok yo kasur ae sing di dol .”
Emak : “terus kate ngedol endi gk ngedol bos mu”
5
Besut : “yoyo mak tak dole bos ku”

Besut budal nang pasar nok tengah dalan besut leren nok nisore wit ringin
Besut : (karo ngipas – ngipas ambek capile)
          “Heee pegele”
Sumo gambar : (marani besut)
          “sut kok isuk-isuk kok wes tekok kene , kate nandi sut?”
Besut : “kate nang pasar”
Sumo gambar : “ kate lapo nang pasar?”
Besut : “dikongkon makku ngedol keboku”
Sumo gambar : “ahh kenemen makmu iku, mosok  isuk-isuk wes dikongkon nang pasar ngedol kebo menisan”
Besut : “ya ngunuku emakku pisan duwe kepinginan kudu  dituruti “
Sumo gambar :’’(karo delok kebo) wedus iku tah seng kate mok dol.”
Besut :”endi wedus e aku lo kate ngedol kebo”
Sumo gambar :”endi kebo iku lo wedus”
Besut :”gak nguasi tah kebo seng tak taleni neng  cagak iku ,wong gedene sak munu mosok ora ketok lek iku kebo”
Sumo gambar :”(nguasi kebo di demek i kebo iku tekok endas e  sampek sikile)
Hahahahaha........ acene jenengmu besut pantes ae keplek,iki guguk kebo tapi wedus.”
6
Besut : “(ngadek lan kebinggungan.)opo jaremu “
Sumo gambar :”ate di dol piro wedusmu iki?”
Besut :”jajal balenono “
Sumo gambar :” atene di dol piro wedusmu iki gak usah pegel pegel neng pasar kekno ae wedusmu neng aku tak bayar Rp 50.000,00”
Besut :”wong keplek mosok kebo jarene wedus. Nok  pikir aku bodoh iso dibijuk i. dang ngaleh o kono “
Ningji karo ningro muleh sekolah lan eroh besut lan sumo gambar engkel engkelan nok pinggir dalan terus ngomong neng bapak e amergo bapak e pak RW
Ningji :”assallamualaikum wr wb”
Pak RW : “ waalaikumsallam. Lapo ndok kok mlayu – mlayu “
Ningro:” pak neng pinggir dalan mriko wonten pak besut lan pak sumo gambar engkel engkelan  ing dalan pinggir sawah”
Pak RW :”lohh iyo tah  yo wes tak  paranane”
Ningji :”pak kulo tumut”
Pak RW:”gak usah wes neng omah ae iki urusane wong gede “
Rusmini : ( marani pak lurah )
”wonten nopo pak ?”
Pak RW :”pak besut lan sumo gambar  engkel engkelan neng pinggir dalan”
Rusmini :”lek ngoten kulo tumut pak”
Pak RW :”la arek  arek iki piye “
7


Rusmini :”arek arek babah cek wonten  ning griya mawon”
Pak RW lan rusmini marani besut lan sumo gambar . neng pinggir dalan besut lan sumo gambar isek engkel engkelan .gang diluk pak RW  lan rusmini teko nang panggonne besut lan sumo gambar engkel – engkel.
Pak RW : “iki onok opo kok rame – rame.”
  Besut   : “iki lo sumo gambar ngenyel lawong iki kebo kok jarene wedus.”
Pak RW : “owalah ngunu tot kok rame.”
Rusmini : “mboh i pak.”
Pak RW : “wes – wes ojo rame, wes sing kate ngedol kebo ndang didol.”
Akhire besut budal nang pasar lan ngedol kebo ne sing payu Rp. 500.000.-



MANTUN

8


PAMUNGKASING CARITA

          Syukur alhamdulillah kangge gusti ingkang Maha Agung Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi rahmat lan hidayah, ngantos  kulo sedaya saget ngrampungaken gladhen drama menika
          Matur nuwun kagen dwija basa jawa ibu Ni Ketut Murniati, S.Th. ingkang sampun membimbing kulo sadaya ngantos kulo saget ngrampungaken naskah drama tradisional lan tampil drama kanti sae. Matur nuwun kangge kanca – kanca sedaya ingkang sampun nderek partisipasi ing lebete gladen drama menika
          Pamungkas, kulo nyuwun agunging pangaksami mbok menawi wonten klintune angsal kulo matur utawa pacelathonan. Kagem pamaos kulo nyuwun kritik ingkan membangun supados kulo sageta pacelathonan ngangge basa jawa ingkang trep.
          Matur suwun  kanca – kanca sedaya Afif, Esti, Granada, Dwi, Ika, Heru, Hokky, Slamet kagem  partisipasinipun ingkang sampun tumut nglancaraken lan marekaken cariyos menika.






9

Tidak ada komentar:

Posting Komentar