Paraga
Kelompok Emergency kelas
ix - c
1. Slamet Susanto : Besut ( 24 )
2. Dwi Anggeaningsih : Rusmini ( 7 )
3. Afif Muhammad Bintoro :
Sumo Gambar ( 1 )
4. Esti Puji Rahayu : Ning ji ( 9 )
5. Granada Putri : Ning ro ( 11 )
6. Niamatul Ika Mastuti : Emak (
19 )
7. Rizqi Hokky Mardhani : Pak RW ( 22 )
8. Heru Wahyu Prasetyo : Bos (
28 )
SMP NEGERI 1 GUDO
2014 / 2015
Dwija Basa Jawa
Ni Ketut Murniati, S.Th.
PURWAKA
Syukur
alhamdulillah kawula aturaken dhumateng ing ngarsanipun ALLAH SWT, awit saking kamirahanipun kulo sakanca saget
hangrampung-ake Drama Basa Jawa Besutan punika kanthi rahayu wilujeng, kali
sing nir rubeda.
Naskah Drama Tradisional Besutan
punika kasusun kanggge nyekapi kebetahan yaiku, kangge ujian praktek, kangge
pados biji, kangge mepeki praktek basa jawa, nglancaraken basa jawa, lan uga
sing mboten kalah penting kangge
ngelestariaken drama tradisional punika.
Naskah drama tradisioanl punika dumadi
saking gagasane kanca-kanca Afif, Esti, Granada, Ika, Dwi, Hokky, Slamet,lan
Heru. Saben gagasan dumadi saking unsur – unsur drama tradisional ingkang
sampun kasalarasaken, ananging mbok bilih wonten kanca – kanca ingkang kepingin
wonten ewah – ewahe tema kasummanggakaken.
Wedharanipun tema wonten ing wewacan drama tradisional besutan boten
meksa, saged kasalarasaken kaliyan unsur – unsur drama tradisional basa jawa.
Mila leladosing pasinaon naskah drama basa jawa besutan punika mawi “ Drama Tradisional Basa Jawa”.
Dene naskah drama basa jawa besutan
kaaturaken kangge nambah ketrampilan supados siswa saget mragaaken lelakon ing
drama tradisional besutan. Inggih awit naskah drama tradisional basa jawa
kangge panjuring pasinaon.
Pangrakit sadar bilih naskah drama
basa jawa besutan punika tebih sangking sampurna. Pamila kritik lan saran saget kaantu – antu murih saenipun naskah
punika ing tembenipun
Tim
pangrakit,
1
KECIKE
MANILA
Purwaka......................................................1
Kecike
manila...............................................2
Cekake
carita................................................3
Dialog
.........................................................4
Pamungkasing
carita...................................9
2
CERITA CEKAK
KEBO DIARANI WEDHUS
Nalika
dino rebo wes awan Besut ora tangi-tangi. emak’e mureng-mureng nang besut,tapi Besut pancet
ora tangi-tangi, mak’e mangkel lan
nyiram Besut karo banyu sak timbo. Besut langsung tangi karo ekspresi kaget,dheweke
glagepan di kiro yen kamar e bocor padalan dheweke bari di guyang banyu sak
timbo.
Neng
panggon liyo nok omahe Pak RW. Pak RW duwe bojo jenenge Rusmini uga ya duwe
anak loro wadon jenenge Ningji lan Ningro, anak-anake pak RW pamitan budal
sekolah marang bapakne lan ibune .
nalika Pak RW omong-omongan karo Rusmini bojone nok teras. Anak – anak e banjur
pamitan budal sekolah lan nyuwun sangu marang wong tuane uga sing ora oleh
dilakeno yaiku salam.
Nalika ning omahe Besut. Emake besut
arep tuku beras amerga entek nanging pas mbukak dompet e duwite ora cukup
kanggo tuku beras. Emake bingung piye caran e entok duwik kanggo tuku beras.
Sak klebetan emake besut iling yen besut duwe kebo, emake besut langsung ngongkon
Besut dodol kebone nang pasar, nanging besut ora gelem ngedol kebone sing
dheweke jenengno bos. Amarga besut mek duwe kanco kebo iku mau tok. Besut ora
duwe kanca saliyane kebone.nanging besut mikir yen dheweke ora gelem nged ol
kebone dheweke ora iso mangan karo emake.
Banjur besut budal nang pasar arep ngedol
kebone sing dadi koncone siji- siji karo nelongso. tapi nalika tekok tengah daln ing pinggir sawah Besut pegel terus leren nang ndisore wet
rengen sadiluk karo ngrasakno waktue sing terakhir karo kebone. Ora suwi Sumo Gambar sing bari kok sawah lewat lan marani Besut, sumo gambar takon opo wedhuse
besut arep di dol, besut ora ngerti maksude sumo gambar, dheweke ngomong yen
dheweke iku arep ngedol kebone ora ngedol wedhus. Tapi sumo gambar ngenyel yen
sing digowo besut iku wedhus duduk kebo. suwe-suwe Sumo Gambar lan Besut
engkel-engkelan.
Pas Besut lan Sumo Gambar
engkel-engkelan pas anak-anake Pak RW muleh sekolah,trus arek loro iku mau eroh
trus kondo nang bapake,trus Pak RW langsung marani Besut lan Sumo Gambar.Akhire
Besut ninggalno Sumo Gambar seng ngeyel nek kebo iku wedhos trus Besut budal
nang pasar ngedol kebone.
3
KEBO DIARANI WEDHUS
Pas dino rebo jam 6 isuk Besut ora tangi- tangi, langsung emak e
mureng – mureng lan nyiram Besut nggawe banyu sak timbo
Emak:
“sut..sut...tangiwes awan !”
Besut : ( pancet turu karo mulet )
Emak: ( emake nginceng nang kamare,
ngeru i yen besut isih turu, terus emak e nggremeng )
“
masya Allah, bocah iki wes bedug gak tangi – tangi ( langung njupuk banyu sing
ana nang gelas lan disiramno nang Besut ).
Besut : “ Bocor....bocor...”
Emak : “ tenang le... ada no drop”
Besut : “ lapo se mak ...? isuk – isuk kok wes ngejak geger.”
Emak : “ ngejak geger, ngejar geger ancine awkmu bocah keplek, ora
ero penggawean.”
Ing panggon liyane, ning omahe Pak RW anake pak RW pamitan arep
budal sekolah uga karo nyuwun sangu.
Ningji : “ningro ayo wes awan,
engkok selak keri.’
Ningro: “iyo Ningji, sek aku jek
kudungan”
4
Gang diluk engkas Ningro
metu kok kamar, terus arek loro iku mau pamitan marang ibu lan bapak e ( Pak RW
)
Ningji : “pak, buk kulo budal
sekolah riyen” ( Ningji karo Ningro terus salim marang wongtuane )
Ningro: “ assalamualaikum.”
Ningji : “assalamualaikum.”
Rusmini : “ waalaikumsallam,sing
ati – ati ndok...”
Ningji : “ngeh buk, oh ngih pundi
sangune buk...?”
Ningro: “ inggih pundi sangu
buk..?”
Rusmini : “ njaluk o bapakmu kono.”
Ningro : “pak...pak pundi sangune.”
Pak RW : “ Iki loh ndok, kanggo
wong loro yo” ( karo ngekek i Ningji karo Ningro duwek Rp 20.000,00 )
Ningji : “ matur suwun pak kito
budal rumiyen “
Pak RW :” yo ati – ati “
Ningro : “ inggih.”
Ning omahe Besut, emake
Besut ate tuku beras terus mbukak dompet, naging dompet e ora enek isine.emak e
terus ngongkon besut ngedol kebo nang pasar.
Emak : “sut..sut, emake ora duwe
duwek kanggo tuku beras, palangan Bosmu ( kebo ) iku dol en ae nang pasar.”
Besut: “ loh lakok bos ku, iku
koncoku siji – sijine.”
Kebo
: “ leh lakok aku sing di dol, mbok yo kasur ae sing di dol .”
Emak
: “terus kate ngedol endi gk ngedol bos mu”
5
Besut
: “yoyo mak tak dole bos ku”
Besut budal nang pasar nok tengah dalan besut leren nok nisore wit
ringin
Besut
: (karo ngipas – ngipas ambek capile)
“Heee pegele”
Sumo
gambar : (marani besut)
“sut kok isuk-isuk kok wes tekok kene
, kate nandi sut?”
Besut
: “kate nang pasar”
Sumo
gambar : “ kate lapo nang pasar?”
Besut
: “dikongkon makku ngedol keboku”
Sumo
gambar : “ahh kenemen makmu iku, mosok isuk-isuk wes dikongkon nang pasar ngedol kebo
menisan”
Besut
: “ya ngunuku emakku pisan duwe kepinginan kudu
dituruti “
Sumo
gambar :’’(karo delok kebo) wedus iku tah seng kate mok dol.”
Besut
:”endi wedus e aku lo kate ngedol kebo”
Sumo
gambar :”endi kebo iku lo wedus”
Besut
:”gak nguasi tah kebo seng tak taleni neng
cagak iku ,wong gedene sak munu mosok ora ketok lek iku kebo”
Sumo
gambar :”(nguasi kebo di demek i kebo iku tekok endas e sampek sikile)
Hahahahaha........
acene jenengmu besut pantes ae keplek,iki guguk kebo tapi wedus.”
6
Besut
: “(ngadek lan kebinggungan.)opo jaremu “
Sumo
gambar :”ate di dol piro wedusmu iki?”
Besut
:”jajal balenono “
Sumo
gambar :” atene di dol piro wedusmu iki gak usah pegel pegel neng pasar kekno
ae wedusmu neng aku tak bayar Rp 50.000,00”
Besut
:”wong keplek mosok kebo jarene wedus. Nok pikir aku bodoh iso dibijuk i. dang ngaleh o
kono “
Ningji karo ningro muleh sekolah lan eroh besut lan sumo gambar
engkel engkelan nok pinggir dalan terus ngomong neng bapak e amergo bapak e pak
RW
Ningji
:”assallamualaikum wr wb”
Pak
RW : “ waalaikumsallam. Lapo ndok kok mlayu – mlayu “
Ningro:”
pak neng pinggir dalan mriko wonten pak besut lan pak sumo gambar engkel
engkelan ing dalan pinggir sawah”
Pak
RW :”lohh iyo tah yo wes tak paranane”
Ningji
:”pak kulo tumut”
Pak
RW:”gak usah wes neng omah ae iki urusane wong gede “
Rusmini
: ( marani pak lurah )
”wonten
nopo pak ?”
Pak
RW :”pak besut lan sumo gambar engkel
engkelan neng pinggir dalan”
Rusmini
:”lek ngoten kulo tumut pak”
Pak
RW :”la arek arek iki piye “
7
Rusmini
:”arek arek babah cek wonten ning griya
mawon”
Pak RW lan rusmini marani besut lan sumo gambar . neng pinggir dalan
besut lan sumo gambar isek engkel engkelan .gang diluk pak RW lan rusmini teko nang panggonne besut lan
sumo gambar engkel – engkel.
Pak
RW : “iki onok opo kok rame – rame.”
Besut
: “iki lo sumo gambar ngenyel lawong iki kebo kok jarene wedus.”
Pak
RW : “owalah ngunu tot kok rame.”
Rusmini
: “mboh i pak.”
Pak
RW : “wes – wes ojo rame, wes sing kate ngedol kebo ndang didol.”
Akhire
besut budal nang pasar lan ngedol kebo ne sing payu Rp. 500.000.-
MANTUN
8
PAMUNGKASING CARITA
Syukur alhamdulillah kangge gusti
ingkang Maha Agung Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi rahmat lan hidayah,
ngantos kulo sedaya saget ngrampungaken
gladhen drama menika
Matur nuwun kagen dwija basa jawa ibu
Ni Ketut Murniati, S.Th. ingkang sampun membimbing kulo sadaya ngantos kulo
saget ngrampungaken naskah drama tradisional lan tampil drama kanti sae. Matur
nuwun kangge kanca – kanca sedaya ingkang sampun nderek partisipasi ing lebete
gladen drama menika
Pamungkas, kulo nyuwun agunging
pangaksami mbok menawi wonten klintune angsal kulo matur utawa pacelathonan.
Kagem pamaos kulo nyuwun kritik ingkan membangun supados kulo sageta
pacelathonan ngangge basa jawa ingkang trep.
Matur suwun kanca – kanca sedaya Afif, Esti, Granada,
Dwi, Ika, Heru, Hokky, Slamet kagem
partisipasinipun ingkang sampun tumut nglancaraken lan marekaken cariyos
menika.
9